Selamat Datang Saudara-Saudara di Blogku ini.

Aku senang seandainya Panjenengan mau menjenguk sebentar blogku ini sekedar mampir tuk Silaturahmi.

Sabtu, 04 Desember 2010

Goro-Goro Ing Nusantara


GORO-GORO
Apa ta maknane Goro-goro?
Gara-gara iku werdine huru hara.
Apa ta sababe Goro-goro?
Awal mula negara nusantara, subur makmur gemah ripah loh jinawi,
Tanduran sumulur  tanpa tinandur,
Wong ndesa uripe makmur glebyar-glebyur tanpa susur,
Beras tanpa nempur, sikil kari ndlujur, para sedulur tanpa ana sing pacul pinacul (alias hidup rukun)
Kena apa saiki dadi muncul goro-goro, akeh pagebluk.
Wujude….
Gunung jugrug lan bledug , segara mbabal ambal ngubal-ubal dadi tsunami,
Lumpur  Lapindo mluber teko emper-emper.
Penyakit aids saya ngigit-igit.
 Lha kenapa kok sampai dadi goro-goro nusantara?
Menurut analisa kula. Akehe pagebluk amargo…
Para manungsa wis lali purwa duk sina,
Angkara murka wis marajalela,
 Para wanita wis ilang rasa isin nya.
Para punggowo negara wis akeh sing ninggalake amanah, nerak parentah lan
Seneng mengkhianati sumpah  sing dadi larangane gusti Allah.
Ayo kanca  ben ilang pagebluk, pada tobatan nasuhah.
Kepada Alloh SWT.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar